Wednesday, March 7, 2012

Rangkaian Kata dalam Pidato Bahasa Jawa






Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan



Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan penetan dinten Kartini samang-ke punika.

Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya R.A Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk nikala bangsa Indonesia taksih dipuncengtkerem dening bangsa penjajah.

Labuh lebetipun R.A Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-lgngkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipuremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan mejengipun bangsa punika.

Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tasah makantar pindah waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawaniupun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.

Sampun cetha ing panggesangipun bangsa katha wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.

Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.

Sematen saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.

***
Pidato Bahasa Jawa Krama 1

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Allahuma salliala sayyidina Muhammad wa’ala alihi wasohbihi ajmail amma ba’du.

Pembayun-pembayun kawula panjatkan puji syukur kehadirate Allah SWT. Lan ibu rama guru/rama guru kawula ngormati lan rayi-rayine kelas VII-VIII sing kula trensai.

Kawula Jumeneng saiki kanggo ngendika sing sekedap maning kelas IX garep ngadakena perpisahan ngarsa ngadakena lumrah acara sing kawula ngenteni yaiku maos do’a-do’a, maos puisi, dll. Dipun maosaken, rayi-rayi kawula kelas VII-VIII.

Mugi-mugi kaula sedaya sing wonten dipun saiki saged ridha sing Allah SWT. Mewnawi wonten salah kawula mohon maaf.

Wabilahi Taufik wal hidayah

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

***
Pidato Bahasa Jawa Krama 2

Kulo aturaken matur suwun kagem Ibu Ummu Semono ugi kagem Saderek-Saderek sedanten ingkang sudi nyisih aken wedalipun ngrawuhi pidato meniko. Saderek-Saderek...

Asslamuaalaikum Wr. Wb.

Sa’sampunipun Muji Syukur dateng Allah SWT, soho nyuwunaken tambahan Rohmat Keselametan dateng Rosululloh SAW, perlu dipun mengertos bilih buku alit puniko mengku datang pinten pinten contoh pidato engkang kulo susun mawi Basa Jawi supados gampilaken dateng Sederek-Sederek engkang kerso maos. Sohpo konco-konco engang sami nyuwun dipun susunaken Buku Puniko, khususipun konco-konco ingang manggen wonten Tanah Jawi.

Sesuai kalian pengetahuan kulo engkang taksih terbatas. Pramilo tumerap Sederek engang kerso maos Buku puniko terutami poro Alim Ulama menawi memanggihi kesalahan soho kekirangan wonten Buku puniko, kulo suwun supados kerso paring nasehati utawi saran-saran dateng penyusun kangge kesempatan susunan selajengipun lan sa’derengipun ngaturaken matrunuwun.

Engkang terakhir, mugi-mugi buku alit puniko saget mbarokahi lan manfaati kangge penyusun soho Sederek engkang kerso mahos.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

***
Pidato Bahasa Jawa

Assalamualaikum Wr. Wb.

Kulo aturaken matur suwun kagem Ibu Ummu Semono ugi kagem Saderek-Saderk sedanten ingkang sudi nyisih aken wedalipun ngrawuhi pidato meniko.

Saderek-Saderek sedanten...

Minurut pengamatan kalian kulo raosaken akhir-akhir meniko kathah wargo ingkang kirang menghargai negeri nasionalispun inggih puniko negeri “tercinta” Indonesia. Hal meniko sanget ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados masalah ingkang serius...

Saderek-Saderek, kawulo mudho sedaten...

Wonten jaman sakniki sampun kathah “pengikisan” kebangsaan nasionalisme! Meniko disebabaken kathah kawulo mudho ingkang ngelalekaen jatidirinipun dados wargo Indonesia sebabipun poro kawulo mudho luwih condong marang pergaulan utawi budoyo-budoyo Barat ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupo: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah wargo luwih seneng mundhut produk-produk luar negeri disebabaken regoipun luwih mirah lan kualitasipun luwih sae...

Saderek-Saderek sebongso lan setanah air...

Masalah-masalah meniko saget diicalaken lan saget mbangsulaken taos cinta tanah air negeri “tercinta” Indonesia, menghormati jasanipun poro Pahlawan lan poro Pejuang, tindak dhateng museum-museum Nasional utawi monumen-monumen perjuangan.

Kulo raos meniko ingkang saget kulo sampekaken mugi-mugi saget ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken roso Nasionalisme kito sedanten.

Matur suwun kulo sampekaken....

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

***
Pidato Bahasa Jawa Tentang Globalisasi

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kulo ingbapak lan ibu guru kalian rencang-rencang ingkang kulo bangga angken puji syukur dumaten Allah SWT. sing maringi nikmat ingang mboten watese sehinggo nganti wayah niki kito saget ngerasaaken nikmat jasmani lan rohani ingkang sedoyo kesempurnaan wonten dumilik gusti Allah SWT.

Ingkang kesempatan iki kulo bade nerangken opo ingkang kulo pelajari yaitu mbahas ukoro dampak globalisasi wonten globalisasi niki katah perubahan ilmu pengetahuan lan teknologi sing saget kito panggehhi lan kulo rasaken ingan cepetuntarane yaiku mlebette budayo lan ideology saking bangso liyo lan dampak kagem bahasa nasional kito yaiku bahasa Indonesia katah manfaat lan kekurangan kirangan saking dampak globalisasi kaleh bahasa Indonesia, yaiku segi positif bahaso kito sampun dikenal kalih dunia internasional.

Dampak lain ingkang kito rasakan yaiku kados pun warga Indonesia sampun mboten nyidam aken bahaso piyambak katah wong ingkang luwih mbangga aken ngagem baso negri wong liyan meniko dampak ingkang negative setunggal hal meniko conto ingkang mboten lazim kadosse kulo coro rampung ngimpun yaiku ngajarken boso Indonesia ingkan mbencik lan bener kalian etika lan budaya bangsa kito wanten generasi muda kito.

Sekian sampun wonten mrii pembahasan ingkang kulo sajiken kesimpulanne, ayo podo pelajari boso kito angkang apik lan bener pamerken budoyo lan boso kito supados kito dados wargo negoro Indonesia ingkang leres..

Merdeka...merdeka..merdeka...

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

0 comments:

Post a Comment